Halaman Author
Kontrol semua karyamu pada halaman author, kamu bisa memublikasikan karya baru atau mengatur karyamu dengan mudah dalam satu tempat.
Flash
Komedi
PETELOT (Jawa)
15
Suka
17,668
Dibaca

Kusuma narek bukune seng ditindihi sikute Beni. Golek-golek. "Weruh petelotku ora?"

"Ora." Beni nyauri singkat. Cuek. Gek sibuk mbukak tas gendonge. "Awakmu piye karo cewek kelas XII IPA kae?"

"Sopo?" Kusuma jek panggah sibuk nggoleki petelote.

"Sopo kae? Warni, yo?"

"Mawar!"

"Lha, yo. Mawarni."

Kusuma nembe mangap arep nyauri. Beni malah buru-buru angkat driji.

"Wes. Menengo. Ora usah kakean alesan! Sak ombo-ombone alas, jek ombo alasanmu, Bray."

"Sopo seng tekok, sopo seng nyauri," Kusuma ngedumel.

Dekne mbalek fokus nggoleki petelote. Gek Beni mbalek sibuk ngubek-ngubek tas gendonge ngantek raine nempel neng bolongan tas. Kusuma seng ndelokne kelakuane Beni, malah dadi curiga.

"Eh! Petelotku mbok umpetne, yo?"

"Lambemu ndower! Ora! Aku lho nduwe petelot dewe," ujare Beni noleh sediluk. Terus mbalek ngubeki tase meneh.

"Lha, terus? Awakmu nggowo opo?" Kusuma narik tase kancane. Pengen weruh.

"Eneklah! Wong kok kepoan!"

Kusuma malah dadi semremet. Mergo iku, dekne langsung njejelne sekalian sirahe Beni neng njero tas. Beni dadi kelabakan. Tangane ngepak-ngepak koyo basur ngejak ihuy-ihuy.

Pas bangku seng dekne wong lungguhi arep nggeblak, Kusuma buru-buru ngadek. Tapi apes. Beni nyandak tangane, gek dadi tibo bareng. Cah loro kelesotan neng semen, kangelan menyat.

Beni narek tas teko sirahe sehinggane isine mbrodol kabeh. Utamane remukan rengginang seng mawut-mawut. Rambut lan raine juga ora kurang nek awut-awutan. Mergo jengkel, Beni langsung nguyel-nguyel Kusuma tanpa ampun.

Pas iku, enek Wulan seng ndelokne polahe cah loro iku karo melompong.

"Jane opo podo ora doyan wedokan, lho!" jare Wulan sak gelem-gelem karo nggletakne petelote Kusuma neng mejo.

Kusuma lan Beni podo-podo ndomblong. Podo-podone ngawasi petelot neng nduwur mejo.

"Wedus gembeeeelll!"

Wulan mlayu ngiprit.

Anda harus login atau daftar untuk mengirimkan komentar
Komentar (9)
Rekomendasi dari Komedi
Flash
PETELOT (Jawa)
Katangga
Cerpen
Bronze
Jam Istirahat Terakhir
Cinta Ayumi
Flash
Bronze
Xeviar dan Malaeohi: Juga Kota-Kota Serta Kehidupan Lain Yang Terlunta
Rere Valencia
Cerpen
Sebuah Roti Rasa Kurma
KusumaBagus Suseno
Flash
Overthinking Bersamamu
Cano
Cerpen
Bronze
Nenek ku Super
Novita Ledo
Flash
Bronze
manis manis manja
Okhie vellino erianto
Komik
Hell Boi
Yohana Decinta
Flash
Sholat Jumat
Icha Sinaga
Cerpen
Bronze
Liburan
xann
Flash
Bronze
Kamu Pilih Siapa?
Reyan Bewinda
Flash
Gabut!!
Aurelia Joelyn Angdri
Flash
Ketua RT Dadakan
Penulis N
Cerpen
Bronze
Mengejar Agus
krkawuryan
Flash
I-phone , Bukan Jodohku ( Selamat Jalan I-phone 12 )
Alwinn
Rekomendasi
Flash
PETELOT (Jawa)
Katangga
Flash
Kalau Bukan Jodoh
Katangga
Flash
Kopi & Gorengan
Katangga
Flash
CERMIN ANTIK
Katangga
Flash
SUARA LEBAH
Katangga
Flash
PONSEL
Katangga
Flash
SHAMPOO
Katangga
Cerpen
Modus Operandi
Katangga
Novel
Bronze
A Deal with The Devil
Katangga
Flash
BUJANGAN BAJINGAN
Katangga
Flash
PETELOT (PENSIL / INDO)
Katangga